Tuesday 16 May 2017

Lelucon

Critane trio SMS dadi mahasiswa, tapi bedo jurusan.. Bengi kuwi wong 3 iku lagi neng warung angkringan,.
Mukri : ora sio-sio aku njupuk PERTANIAN.. Aku iso nggabungke 2 jenis tanduran dadi jenis anyar.. Muehehe.. (ngguyu sombong)
Sodron : wow!! tanduran opo wae kuwi kri?
Mukri : wit bayem karo kelopo dron..
Sodron : trus jenenge opo kuwi?
Mukri : kuwi tak jenengi..
.
.
.
.
.
.
...URAP.. !!
*sodron keloloden gelas
Sodron : wong ediyan!!
Mukri : lha awakmu neng PETERNAKAN iso nemok'ke opo dron?
Sodron : nek aku durung dadi penemuan kok kri.. Lagi riset tapi gagal terus ki..
Mukri : lha opo?
Sodron : Aku karo kanca-kancaku lagi njajal ngawinke wedhus karo babi..
Mukri : ekstrim tenan kuwi dron!!
Sodron : ..tapi gagal terus kri.. hiks.. hiks.. (mewek)
Mukri : lha gagal mergo opo?
Sodron : masalahe...
.
.
.
.
.
...ditolak MUI.. jare haram..
*mukri salto memburi
Mukri : kampret!! Nek ngomong waton.. Huh..
Saknaliko sardot sing awit mau meneng wae, melu crito..
Sardot : nek masalah penemuan ki cah TEHNIK jagone.. Behahaha34c!!
Mukri+sodron : penemuan opo dot?
Sardot : ..iki proyek rahasia... Mung kowe kowe tok sing tak ngerteni.. tulung dijogo ojo nganti bocor..
Mukri+sodron : i..iyo dot..
Sardot : ..aku ra pengen barang iki dicekel wong jahat.. Wah.. iso Kacau..
Mukri+sodron : (wedi karo sikepan)
Sardot(mbisik) : ssstt... aku nemok'ke alat sing iso ngontrol kendaraan seko jarak jauh !!
Mukri+sodron : WOW !! (karo tepuk tangan)
Sardot (mbisik) : .. Ojo mbengok golobok!!
Mukri+sodron : (langsung mingkem)
Sardot (mbisik) : ..alat iki wes tak jajal wingi neng ngarep pasar sing rame kae..
Mukri+sodron (mbisik) : sukses ra?
Sardot : Alhamdulilah sukses .. Muahaha!! (ngguyu congkak)
Mukri+sodron : kendaraan opo wae iso dikontrol ?
Sardot : sing rodo angel mung becak.. Mungkin setelan gelombange wae sing kurang pas.. Tapi liyane lancar.. Mahohoho!! (ngguyu angkuh)
Mukri : wah.. Jos tenan kowe dot!! (karo mijeti sardot)
Sardot : (merem melek)
Sodron : iso sugih kowe dot.. (karo ndulangi sardot gorengan)
Sardot : (klamut-klamut)
Mukri : tapi alat kuwi wes mbok jenengi rung dot?
Sardot : uwes lah..
Mukri+sardot : jenenge opo dot??
Sardot : amargo aku laire dino rebo pon lan rupaku gagahe mirip ariel.. Alat kuwi tak jenengi....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
....SEMPRITAN !!
*mukri+sodron langsung adu sirah